KALI PROGO

Lakune Endang Sigaluh kandheg. Mak greg. Kaget bareng ana wong lanang gagah pidegsa nyegat dheweke.
“Heh cah ayu, mandheg dhisik! Hemmm! Yahmene kok liwat kene, kendel temen kowe, cah ngendi ta? Sapa jenengmu?”
Dibrondong pitakon ngono mung meneng wae. Endang sigaluh mencep nggemesake. Niyate ora nyepelekake sing takon, nanging pancen lagi tapa mbisu.
“Heee...., ayu-ayu kok suda rungu. Sapa kowe?”
Pambledinge tembung ngoyak. Ning sing ditakoni isih meneng. Emoh guneman sakecap-kecapo. Mula pawongan kuwi malah saya galak. Tangane sraweyan, pengin ngrangkul wanita iku. Mung wae wanita iku nguwasani ngelmu bela dhiri. Buktine, klakon kemipat tangane nyingkang wong lanang sing arep sembrana iku nganti jekangkangan.“Kurang ajar!”
Pisuhe, ambi ngusapi blethok ing raine. Priya brengos jebres iku terus mburu wae. Ning ora nganggo kekuwatan okol. Dheweke pengin ngunakake daya linuwih. Kanthi kekuwatan batin, priya iku nggrenjot lemah kaping telu. Njur meneng sedhelo. Pandelenge ditujokake marang wanita ayu kinyis sing wiwit semparet ninggal papan kono.
Wanita iku niyate pancen tapa mbisu. Arep golek senenge ati. Lunga saka omah kang ana ing wewengkon Kali Putih, ngisor Gunung Merapi. Kanthi restu saka Pamane. Kepengin nggoleki bapake sing ngukir jiwa ragane. Merga manut tuture ibune ing wewengkon Pegunungan Menoreh kono bapake cumondhok.
“Emmm, aja-aja wong iki mau malah bapaku dhewe!” Batine Endang Sigaluh nglantur dhewe. Njur noleh saklebatan, ning semu ora percaya. Terus wae ngunclung, are lunga munggah Pegunungan Menoreh, golek sisik menik. Takon-takon. Dheweke banjur ngetotake dalan setapak anggone munggah ing Pegunungan Menoreh.
“Adhuhhhhh!”
Endang Sigaluh kesandhung watu tiba krungkep. Dheweke ora ngerti yen satemene priya sing mbuntuti lakune kuwi sing gawe sandhungan kanthi daya kekuwatan gaib. Ya priya iku sing masangi watu kanthi nyeluman.
Ngerti wanita iku nglumpruk, priya iku saya kesenengen. Dheweke saya namakake daya kemandhen. Njur nyedhaki wanita iku klewa-klewa arep tetulong. Ning satemene atine njero kana ngronjalan. Kebak rasa.
“Ayu tenan kowe ndhuk! Ayo, melu aku. Kana mlebu ing omah kosong kana. Kae omahku, papanku semedi ya neng kana. Ayo!”
Ora krasa wanita iku ngenggelek. Tetep mbisu. Neng sakiki kaya kebo dikeluhi, manut wae marang karepe priya pidegsa iku. Dheweke rumangsa ketaman kemandhen sing luwih sekti. Ketara kringete dleweran karepe dhewe. Ateges pancen priya kuwi duwe karep.
Tekan omah suwung, wanita iku ora kumecep apa-apa. Isih mbisu. Sawise aso sawetara, priya mambu ati iku nakoni maneh. Ning tetep ora diwangsuli dening Endang Sigaluh. Priya iku malah saya nekad arep kurang ajar. Tekade, yen wanita iku selak, ora gelem dijak geguyon lan dolanan asmara, mengko sisan arep dirodopeksa. Tekade wis makantar-kantar.
“Wong lanang dhegleng! Bejat. Edan!”
“Ayo ta manut!”.
Sidane Endang Sigaluh mbukak tembung sakecap thok. Njur nyingsingake lengene. Uga jarite disilakake nganti meh tekan ndhuwur dhengkul. Niyate arep bangga yen nganti priya ing ngarepe sida tumindak neke-neka.
Niyate priya iku pancen arep nrodopeksa. Kanthi cara apa wae, kudu klakon. Mosok priya nganti kalah karo polahe wong wanita ijen padha ijen. Nglengkara. Ewa semana, wanita ing ngarepe saya nantang, saya dicalikake penganggone. Jan marahi gemes banget. Getih lanang saya umeb. Mulane, ora krasa ana banyu tumetes ing ngarepe priya iku. Banyu kama kang wis angel ditahan.
“Gandrik!”
Banyu putih tur suci iku cepet banget asat, owah wujude. Dadi lading landhep mingis-mingis. Bareng karo owah-owahan kaya ngana, dadakan priya kuwi ora kuwat nglawat, kerengkeng-rengkeng sambat lara weteng.
Rekane mono, Endang Sigaluh sisan arep ngetong gethinge. Ladhing kemilat ing ngarepe arep disaut kanggo nglunasi nyawane priya kuwi. Mung wae, gandheng priya iku ngangkat tangane pasrah yen kalah, njur ora sida. Ladhing iku banjur disengkelit ing wetenge ngarep.
Nganti sawetara swasana emeng, meneng-menengan. Sakloron rumangsa kentekan tenaga. Lan kaya-kaya ana daya seje kang kumepyur ing awake wong sakloron. Nganti njalari papan kana katon anyep njejep.
Tanpa ngrewes priya sing nglempuruk, Endang Sigaluh gage jumangkah arep wisuh ing pengaron. Pengin ngresiki raine. Tekan sandhing pengaron, dheweke mak tratab. Kaget weruh barang kang aneh. Barang kuwi wujud iket kuning jambe. Njur diranggeh lan ditamatake. Ing kana ana tulisane Jawa deles kang muni, Dyah Srigati.
“Hahhhhh!”
Enang Sigaluh njola. Mripate kedhep tesmak, semu ngonclang angen-angene, tumlawung. Dheweke nyoba ngeling-eling piwelinge ibune. Dheweke isih cumithak banget, yen wong lanang sing ngukir jiwa ragane, kang duwe iket podhang jambe mawaprada tulisan Jawa. Tur maneh, tulisan kuwi genah nyebutake jenenge ibune.
“Ooohhh, Pakkk...........!!!!”
Endang Sigaluh gage ngambruki priya sing lemes kekes iku. Kambi nudhake iket podhang jambe sing dikuwel-kuwel. Priya kasebut isih mlongo durong kumecap. Geneya wanita kang maune galak kuwi malik ngrerepa marang dheweke. Ngana penggagase.
“Yen ngana, Sampeyan kuwi bapakku dhewe, Pak?”
“Bener. Mbokmenawa, kang gawe urip wis ngarisake. Aku lan sliramu kudu ketemu. Apurane aku ya Ndhuk?”
Endang Sigaluh mak tleler luhe, keranta-ranta. Angel mbendhung wetune luh. Dheweke rumangsa wis begja banget bisa ketemu bapakne, embuh ing kahanan apa wae. Dheweke uga marem, merga bapakne pancen duwe kaluwihan kaya sing tau dikojahake ibune, sadurunge seda.
“Yen ngana, Sampeyan ya sing tau tapa ing Gunung Tidar? Jare, nggoleki Semar lan Togok, panjalmane Sabdapalon lan Nayagenggong, iya?”
“Bener! Ning Semar lan Togok wis ora ana kana. Wis lunga, nlayang ngetan. Ujaring kandha arep manggon ing pasareyane Bung Karno, wewengkon Blitar kana. Aku banjur njabut Sada Lanang, tinggalane Semar kang ditancepake ing pucuking Tidar. Bareng aku nggawa Sada Lanang kasebut, Aku mlaku terus, ketemu ibumu banjur omah-omah ing wewengkon Kali Puth, ngisor Gunong Merapi.”
“Emmmm, ten ngana bener kandhane Ibu suwargi.”
“Hahhhhh, piye, ibumu wis ora ana ta?”
“Ibu wis seda Pak, jaman njebluge Merapi sing gawat banget kae. Katut digawa lahar panas. Seprene aku ora ngerti jisime ana ngendi.”
“Hoooo!”
Wong lanang sing aran KI Sadono Progo kuwi marem, ngampet sedhihe. Pangarep-arepe ambyar. Jane mono, dheweke kepingin banget ketemu sisihane kang wis suwe dipisahake dening pangamuke Gunung Merapi. Dheweke uga tau kontal, katut lahar. Mung wae, isih ana pitulungan, slamet awake.
Sakloron mung meneng, ngungal gelane. Lagi mak gragap, semu girap-girap bareng wetenge Endang Sigaluh krasa kaya dikocok. Wetenge ting plirit, arep mukok. Ora let suwe, tangane nggrayangi, mijet sakecandhake. Ning sapira kagete, jebul ladhing kumilat kang disengkelit dadakan wis ora ana ing bengkune.
“Pakkkkk!”
“Hahhh!”
Kaya ana daya seje, ndadak wetenge Endang Sigaluh mundhak gedhe. Persis wong nggarbini luwih nem sasinan. Mesthi wae, njalari wanita iku rikuh banget. Semana uga Ki Sadono Progo, ora ngerti larah-larahe, mung gumun. Ora kawetu krenahe.
“Apa merga lading sing dak sengkelit mau apa iki? Ladinge kok ora ana, embuh ilang menyang ngendi, katone kok ora tiba.”
“Kira0kira ngono. Pancen, wiwit Gunung Merapi njeblak-njeblog kae, tekan saprene akeh kedadean sing kala-kala aneh banget. Klebu iki.”
Saya suwe, Endang Sigaluh lemes banget awake. Loyo. Kaya dilolosi oto bebayune. Wetenge uga saya mbenthoyot, aboy. Ora ngira babar pisan yen lading sing disengkelit jebul nuwuhake bebaya ing awake. Mula ya mung ndonga, umpama kang dikandhut iku bayi tenan, muga-muga laire kepenak. Ora perlu ndadak nglarani.
Temenan. Tekan leking jabang bayi, ora sah nganggo nggregesi. Terus brol, santer banget.
Haaaa....haaaaa.....!”
“Astakfirullah!”
meh bareng Endang Sigaluh lan Ki sadono Progo ngucap naono. Sakloron kamigilan weruh laire bayi saka guwa gerbange Endang Sigaluh wujud ula gedhe, tur bisa ngguyu nyekakak. Ula kuwi langsung ndlosor-ndlosor sajak ngeli banget. Njur nguntal pitik siji. Lebar kuwi ish golek kodhok sakecandhake.
Nyumurupi kahanan ngono, Ki Sadono Progo wiwit siyaga. Aja nganti ula kuwi malah mangsa awake lan Endang Sigaluh, ha rak mbebayani. Mulane, sakdurunge ana kedadeyan kang ora nyenengake, Ki Sadono Progo gage njupuk Sada Lanang ing sake. Pamrih, yen ula kuwi arep mangsa awake bakal disabet Sada Lanang.
“ayo....., Kowe wong tuwaku. Kowe bapakku. Aku ngelak luwe, ngerti. Yen ora gelem ngakoni, wah, sida tak mangsa sisan.”
“Heee....., aja waton ngucap.”
“Pokoke, arep kokakoni apa ora. Yen ora gelem ngakoni, malah dakdadekake manganku sisan.”
Ki sadono Progo lan ula kuwi banjur gelot, namung sedilit tok. Mergane Ki Sadono Progo ora bisa nandingi ula kuwi.
“Emmmm......, ya wis. Sakiki aku gelem ngaku anak kowe, ning angger kuwat njabut Sada Lanang iki!”
Ki sadono Progo gage nancepake sada kuwi ing lemah. Mesthi wae, ula gedhe kuwi nyarujuki, pengin njabut sada iku. Mosok ora kuwat, ing atase ula gedhe kok mung njabut semono ara bisa. Mokal.
“Ya, aku sanguh, dakcobane.”
Ula kuwi enggal namakake siyunge, kanggo nggeret sada Lanang. Kocapo, bareng dijabut tenan, kuwat. Jebol. Ning saka tatune sada kasebut mili tuk sing gedhe banget nganti ula kuwi kontal katut iline banyu.
Saya suwe, tuk bening kuwi saya gedhe, mumpal-mumpal. Angel diendakake. Terus mubal. Ula gedhe saya kontl, ketileb iline banyu. Ing awang-awang keprungu suwara gemonthang nyebut jenenge: Progo.... Progo..... Tulong....Tulong....! Njur laporan, ilang.
“Wah, wis ndhuk, iki lelakon. Kudu didhadha, ora perlu ana sing digetuni. Seksenana wae, kali gedhe iki bakal dakjenengi Kali Progo. Ing kali iki, tekan embuh kapan bakal dadi sumbere panguripan. Ula kae mau, bakal keli tekan sagara Kidul.”
Sakloron mung kedhep tesmak. Nyawang iline banyu kali sing saya gedhe. Saya ngglontor sangkrah-sangkrah. Tuke saya ndadi. Endang Sigaluh lan Ki Sadono Proga banjur muleh neng omahe sing ana ing wewengkon kali Putih, ngisr Gunung Merapi. Neng kana wong loro kuwi urip tentrem dadi wong tani.
Mangkono mula bukane Kali Progo. Kali Progo iki ana ing Pagunungan Manoreh, Windusari, Payaman, Magelang.********

Sumber : http://sastra-jawa007.blogspot.com/

0 komentar:

Posting Komentar

BLOG FRIENDS

Pengikut

SRAGEN ONLINE | BLOG KREASI ANAK SRAGEN. Diberdayakan oleh Blogger.