Gathotkaca


Gathotkaca kuwi kondhang kanthi sesebutan "Satriya Pringgodani" lan "Alap-alap Pringgodani". Nalika isih jabang bayi jenenge Tetuka utawa Tutuka. Gathotkaca kuwi putrane Raden Werkudara (satriya Panenggak Pandhawa) patutan klawan Dewi Arimbi putrane Prabu Tremboko, ratu buta ing negara Pringgodani. Sekawit Arimbi iku uga wujude buta wadon (raseksi), nanging bareng diruwat dening Dewi Kunthi malih dadi kenya sing sulistya. Mula Werkudara (Bratasena) uga banjur gelem bebojoan karo Arimbi.

Bareng wis suwe anggone jejodhoan, Arimbi banjur nggarbini lan sabanjure mbabar putra kakung wujud bayi manungsa setengah buta. Dening eyang Abiyasa, jabang bayi Tetuka banjur diparingi "topeng" aran topeng waja kang mapan ana sajrone kulit sajabaning daging. Kanthi topeng waja iku, Gathotkaca malih dadi satriya kang bagus citrane. Nuli dening ramane, Bratasena, jabang Tetuka banjur kaparingan nama Raden Gathotkaca, kersane Raden Werkudara kinarya pepenget duk nalika tandhing pupuh klawan Prabu Arimba (kangmase Dewi Arimbi) kang kekarone padha ngetog kekuwatan lan kadigdayan.Tembung gathotkaca tegese kumpuling kasantosan. Nalika lair nganti umur nembelas dina pusere jabang Tetuka ora bisa ditugel nganggo lelandhep pusaka wujud apa wae. Nanging wusanane puser mau bisa pugut (tugel) srana wrangkane Pusaka Kuntha Wijayadanu (Kunta Druwasa) duweke Raden Suryatmaja iya Adipati Karna nalika isih enom. Lan kaelokane, wrangka Pusaka kuntha mau manjing ing pusere Gathotkaca, satemah muwuhi kasantosane Gathotkaca. Senadyan mengkono, bab iku uga dadi pengapesane Gathotkaca. Mula samangsa perang ngadhepi manungsa kang darbe pusaka Kuntha Wijayadanu, Gathotkaca kudu ngati-ati. Sebab yen nganti pusaka Kunta diuwalake, Gathotkaca mesthi mati. Nuhoni unen-unen "Pusaka manjing Wrangka".
Laire Gathotkaca ngepasi karo dumadine ontran-ontran ing kayangan Jonggringsaloka. Para dewa padha kocar-kacir amarga diamuk dening Prabu Kala Pracona, ratu buta ing negara Ngembat putihan kang arep njaluk bojo widodari. Nanging panjaluk sing ora samesthine iku diduwa (ditolak) dening para Dewa saengga ndadeake peperangan. Para dewa padha keplayu banjur golek "pintasrayan" menyang negara Ngamarta (Amarta). Tekan negara Ngamarta bayi Gathotkaca ( Jabang Tetuka) kang lagi umur nembelas dina iku banjur diampil Bathara Narada, digawa menyang kahyangan, didadekake jagone para dewa, dimungsuhake Prabu Kala Pracona lan Patihe Apraceka Ditya Kala Sekiputantra sawadyabalane. Sadurunge diajokake ana paprangan bocah sing lagi lair iki banjur dijedhi (dijenang) ana ing Kawah Candradimuka lan para dewa didhawuhi dening Bathara Guru (tetungguling para dewa) supaya nlorongake gegaman kahyangan kang mawa pamor. Wasana bareng jabang Tetuka metu sak sajrone kawah Candradimuka wus ora wujud bayi maneh, nanging wujud jejaka tumaruna, wus ngagem busana kasatriyan. Ya iki sebabe Gathotkaca banjur sinebut “satriya babaran kahyangan". Dening Bathara Guru, Gathotkaca banjur pinaringan pusaka kanggo sipat kandel anggone ngadhepi mungsuh yakuwi kotang antrakesuma, caping basunanda, lan tlumpah padhakacerma.
Nalika maju ana paprangan, tandange Gathotkaca cukat trengginas, wusana Prabu Kala Pracona sawadyabalane padha mati kabeh. Sasirnane Prabu Kala Pracona, Gathotkaca banjur dijumenengake nata ana ing kahyangan Tinjomaya saumure jagung kanthi jejuluk Prabu Guruputra.

Gugure

Ing Perang Baratayuda Gathotkaca gugur merga kena panah Kuntha Wijayadanu kagungane Adipati Karna. Panah kang diuwalake kuwi jan-jane ora tekan merga Gathotkaca abure wis ana sadhuwure mega sam pitu, ning banjur dicandhak lan disurung dening yitmane Ditya Kala Bendana, bapa-pamane Gathotkaca kang wis tiwas merga ditempiling dening ponakane iku, saengga Gathotkaca gugur ana madyaning paprangan. Kuwandane Gathotkaca kumleyang saka gegana nibani kretane Adipati Karna nganthi ajur sewalang-walang. Peranganing Baratayuda, Gathotkaca Gugur sumbaga wiratama, karan lakon "Suluhan" amarga dumadine perang ing wayah bengi.

Dasanama

Dasanamane Gathotkaca iku miturut padhalangan : Kacanegara, Jabang Tetuka, Purubaya,Bimasiwi, Arimbiatmaja, Kancingjaya, Krincingwesi, Guritna, Guruputra, lan Suryanaradha.

Bojo lan Anake

Gathotkaca banjur dadi raja ing Pringgondani. Garwane raja enom iku ana telu, yakuwi:
1. Dewi Sumpani utawa Dewi Sumpaniwati, peputra Raden Arya Jayasumpena
2. Dewi Pregiwa putrine Raden Arjuna kang banjur peputra Raden Sasikirana
3. Dewi Suryawati peputra Raden Suryakaca
Ing sendratari, Gathotkaca asring katon ing Gathotkaca Gandrung. Tari iki nggambarke nalika Gathotkaca wuyung marang Pregiwa.

Paman lan Aji-Ajine

Gathotkaca kondhang sektine. Aji-ajine:

* Narantaka = Daya khasiyate yen ditamakake gunung bisa jugrug lan segara bisa asat. Jalma manungsa kang ketaman aji Narantaka sanalika bisa ajur-mumur kuwandane tan-kena kinukup.Iya aji Narantaka iku kang kinarya nyirnakake Raden Dursala kang dadi senapatine para Kurawa.
* Aji-aji Esmu Gunting kang daya kasektene yen mateni mungsuh, Gathotkaca kanthi cara mancat pundhak lan nguntir gulune mungsuh nganti tugel.
* Kotang utawa Klambi Antrakusuma daya kasektene: Gathotkaca bisa mabur utawa ngambah gegana kanthi rikat banget (kebat pindha kilat, kesit pindha tathit).Mula Gathotkaca uga banjur kajibah njaga katentraman negara Ngamarta saka dirgantara (yen jaman saiki Gathotkaca kuwi kadidene Angkatan Udhara). Iki uga dadi pralambang ing kaprajuritan, amarga sedulur liyane, Antareja lan Antasena kejibahan njaga dharatan lan laut.
* Aji Brajadenta. Brajadenta asline pamane dhewe, nanging banjur manuksma mlebu ing epek-epeke Gathotkaca sing sisih tengen.
* Aji Brajalamatan. Brajalamatan uga jenenge pamane. Nalika palastra, rajalamatan manuksma ing tangan kiwa Gathotkaca.
* Aji Brajamusti. Brajamusti iku uga pamane. Nalika palastra manjing ing tangan tengene.
* Aji Brajawikalpa. Kaya aji-aji liyane, Brajawikalpa kuwi seka pamane dhewe kang manjing dadi rajah ing geger.

Para pamane kang dadi aji-ajine, maune mbrontak ing Pringgondani nanging bisa ditumpes dening Gathotkaca. Ana salah sijining pamane kang mbela Gathotkaca, yaiku Kalabendana. Nanging Kalabendana iku jujur, lan sawijining dina dipateni dening Gathotkaca amarga ngomong sanyatane ngenani Abimanyu. Crita iki ana ing lakon Gathotkaca Sraya.

Sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Gathotkaca

selengkapnya»

KALI PROGO

Lakune Endang Sigaluh kandheg. Mak greg. Kaget bareng ana wong lanang gagah pidegsa nyegat dheweke.
“Heh cah ayu, mandheg dhisik! Hemmm! Yahmene kok liwat kene, kendel temen kowe, cah ngendi ta? Sapa jenengmu?”
Dibrondong pitakon ngono mung meneng wae. Endang sigaluh mencep nggemesake. Niyate ora nyepelekake sing takon, nanging pancen lagi tapa mbisu.
“Heee...., ayu-ayu kok suda rungu. Sapa kowe?”
Pambledinge tembung ngoyak. Ning sing ditakoni isih meneng. Emoh guneman sakecap-kecapo. Mula pawongan kuwi malah saya galak. Tangane sraweyan, pengin ngrangkul wanita iku. Mung wae wanita iku nguwasani ngelmu bela dhiri. Buktine, klakon kemipat tangane nyingkang wong lanang sing arep sembrana iku nganti jekangkangan.“Kurang ajar!”
Pisuhe, ambi ngusapi blethok ing raine. Priya brengos jebres iku terus mburu wae. Ning ora nganggo kekuwatan okol. Dheweke pengin ngunakake daya linuwih. Kanthi kekuwatan batin, priya iku nggrenjot lemah kaping telu. Njur meneng sedhelo. Pandelenge ditujokake marang wanita ayu kinyis sing wiwit semparet ninggal papan kono.
Wanita iku niyate pancen tapa mbisu. Arep golek senenge ati. Lunga saka omah kang ana ing wewengkon Kali Putih, ngisor Gunung Merapi. Kanthi restu saka Pamane. Kepengin nggoleki bapake sing ngukir jiwa ragane. Merga manut tuture ibune ing wewengkon Pegunungan Menoreh kono bapake cumondhok.
“Emmm, aja-aja wong iki mau malah bapaku dhewe!” Batine Endang Sigaluh nglantur dhewe. Njur noleh saklebatan, ning semu ora percaya. Terus wae ngunclung, are lunga munggah Pegunungan Menoreh, golek sisik menik. Takon-takon. Dheweke banjur ngetotake dalan setapak anggone munggah ing Pegunungan Menoreh.
“Adhuhhhhh!”
Endang Sigaluh kesandhung watu tiba krungkep. Dheweke ora ngerti yen satemene priya sing mbuntuti lakune kuwi sing gawe sandhungan kanthi daya kekuwatan gaib. Ya priya iku sing masangi watu kanthi nyeluman.
Ngerti wanita iku nglumpruk, priya iku saya kesenengen. Dheweke saya namakake daya kemandhen. Njur nyedhaki wanita iku klewa-klewa arep tetulong. Ning satemene atine njero kana ngronjalan. Kebak rasa.
“Ayu tenan kowe ndhuk! Ayo, melu aku. Kana mlebu ing omah kosong kana. Kae omahku, papanku semedi ya neng kana. Ayo!”
Ora krasa wanita iku ngenggelek. Tetep mbisu. Neng sakiki kaya kebo dikeluhi, manut wae marang karepe priya pidegsa iku. Dheweke rumangsa ketaman kemandhen sing luwih sekti. Ketara kringete dleweran karepe dhewe. Ateges pancen priya kuwi duwe karep.
Tekan omah suwung, wanita iku ora kumecep apa-apa. Isih mbisu. Sawise aso sawetara, priya mambu ati iku nakoni maneh. Ning tetep ora diwangsuli dening Endang Sigaluh. Priya iku malah saya nekad arep kurang ajar. Tekade, yen wanita iku selak, ora gelem dijak geguyon lan dolanan asmara, mengko sisan arep dirodopeksa. Tekade wis makantar-kantar.
“Wong lanang dhegleng! Bejat. Edan!”
“Ayo ta manut!”.
Sidane Endang Sigaluh mbukak tembung sakecap thok. Njur nyingsingake lengene. Uga jarite disilakake nganti meh tekan ndhuwur dhengkul. Niyate arep bangga yen nganti priya ing ngarepe sida tumindak neke-neka.
Niyate priya iku pancen arep nrodopeksa. Kanthi cara apa wae, kudu klakon. Mosok priya nganti kalah karo polahe wong wanita ijen padha ijen. Nglengkara. Ewa semana, wanita ing ngarepe saya nantang, saya dicalikake penganggone. Jan marahi gemes banget. Getih lanang saya umeb. Mulane, ora krasa ana banyu tumetes ing ngarepe priya iku. Banyu kama kang wis angel ditahan.
“Gandrik!”
Banyu putih tur suci iku cepet banget asat, owah wujude. Dadi lading landhep mingis-mingis. Bareng karo owah-owahan kaya ngana, dadakan priya kuwi ora kuwat nglawat, kerengkeng-rengkeng sambat lara weteng.
Rekane mono, Endang Sigaluh sisan arep ngetong gethinge. Ladhing kemilat ing ngarepe arep disaut kanggo nglunasi nyawane priya kuwi. Mung wae, gandheng priya iku ngangkat tangane pasrah yen kalah, njur ora sida. Ladhing iku banjur disengkelit ing wetenge ngarep.
Nganti sawetara swasana emeng, meneng-menengan. Sakloron rumangsa kentekan tenaga. Lan kaya-kaya ana daya seje kang kumepyur ing awake wong sakloron. Nganti njalari papan kana katon anyep njejep.
Tanpa ngrewes priya sing nglempuruk, Endang Sigaluh gage jumangkah arep wisuh ing pengaron. Pengin ngresiki raine. Tekan sandhing pengaron, dheweke mak tratab. Kaget weruh barang kang aneh. Barang kuwi wujud iket kuning jambe. Njur diranggeh lan ditamatake. Ing kana ana tulisane Jawa deles kang muni, Dyah Srigati.
“Hahhhhh!”
Enang Sigaluh njola. Mripate kedhep tesmak, semu ngonclang angen-angene, tumlawung. Dheweke nyoba ngeling-eling piwelinge ibune. Dheweke isih cumithak banget, yen wong lanang sing ngukir jiwa ragane, kang duwe iket podhang jambe mawaprada tulisan Jawa. Tur maneh, tulisan kuwi genah nyebutake jenenge ibune.
“Ooohhh, Pakkk...........!!!!”
Endang Sigaluh gage ngambruki priya sing lemes kekes iku. Kambi nudhake iket podhang jambe sing dikuwel-kuwel. Priya kasebut isih mlongo durong kumecap. Geneya wanita kang maune galak kuwi malik ngrerepa marang dheweke. Ngana penggagase.
“Yen ngana, Sampeyan kuwi bapakku dhewe, Pak?”
“Bener. Mbokmenawa, kang gawe urip wis ngarisake. Aku lan sliramu kudu ketemu. Apurane aku ya Ndhuk?”
Endang Sigaluh mak tleler luhe, keranta-ranta. Angel mbendhung wetune luh. Dheweke rumangsa wis begja banget bisa ketemu bapakne, embuh ing kahanan apa wae. Dheweke uga marem, merga bapakne pancen duwe kaluwihan kaya sing tau dikojahake ibune, sadurunge seda.
“Yen ngana, Sampeyan ya sing tau tapa ing Gunung Tidar? Jare, nggoleki Semar lan Togok, panjalmane Sabdapalon lan Nayagenggong, iya?”
“Bener! Ning Semar lan Togok wis ora ana kana. Wis lunga, nlayang ngetan. Ujaring kandha arep manggon ing pasareyane Bung Karno, wewengkon Blitar kana. Aku banjur njabut Sada Lanang, tinggalane Semar kang ditancepake ing pucuking Tidar. Bareng aku nggawa Sada Lanang kasebut, Aku mlaku terus, ketemu ibumu banjur omah-omah ing wewengkon Kali Puth, ngisor Gunong Merapi.”
“Emmmm, ten ngana bener kandhane Ibu suwargi.”
“Hahhhhh, piye, ibumu wis ora ana ta?”
“Ibu wis seda Pak, jaman njebluge Merapi sing gawat banget kae. Katut digawa lahar panas. Seprene aku ora ngerti jisime ana ngendi.”
“Hoooo!”
Wong lanang sing aran KI Sadono Progo kuwi marem, ngampet sedhihe. Pangarep-arepe ambyar. Jane mono, dheweke kepingin banget ketemu sisihane kang wis suwe dipisahake dening pangamuke Gunung Merapi. Dheweke uga tau kontal, katut lahar. Mung wae, isih ana pitulungan, slamet awake.
Sakloron mung meneng, ngungal gelane. Lagi mak gragap, semu girap-girap bareng wetenge Endang Sigaluh krasa kaya dikocok. Wetenge ting plirit, arep mukok. Ora let suwe, tangane nggrayangi, mijet sakecandhake. Ning sapira kagete, jebul ladhing kumilat kang disengkelit dadakan wis ora ana ing bengkune.
“Pakkkkk!”
“Hahhh!”
Kaya ana daya seje, ndadak wetenge Endang Sigaluh mundhak gedhe. Persis wong nggarbini luwih nem sasinan. Mesthi wae, njalari wanita iku rikuh banget. Semana uga Ki Sadono Progo, ora ngerti larah-larahe, mung gumun. Ora kawetu krenahe.
“Apa merga lading sing dak sengkelit mau apa iki? Ladinge kok ora ana, embuh ilang menyang ngendi, katone kok ora tiba.”
“Kira0kira ngono. Pancen, wiwit Gunung Merapi njeblak-njeblog kae, tekan saprene akeh kedadean sing kala-kala aneh banget. Klebu iki.”
Saya suwe, Endang Sigaluh lemes banget awake. Loyo. Kaya dilolosi oto bebayune. Wetenge uga saya mbenthoyot, aboy. Ora ngira babar pisan yen lading sing disengkelit jebul nuwuhake bebaya ing awake. Mula ya mung ndonga, umpama kang dikandhut iku bayi tenan, muga-muga laire kepenak. Ora perlu ndadak nglarani.
Temenan. Tekan leking jabang bayi, ora sah nganggo nggregesi. Terus brol, santer banget.
Haaaa....haaaaa.....!”
“Astakfirullah!”
meh bareng Endang Sigaluh lan Ki sadono Progo ngucap naono. Sakloron kamigilan weruh laire bayi saka guwa gerbange Endang Sigaluh wujud ula gedhe, tur bisa ngguyu nyekakak. Ula kuwi langsung ndlosor-ndlosor sajak ngeli banget. Njur nguntal pitik siji. Lebar kuwi ish golek kodhok sakecandhake.
Nyumurupi kahanan ngono, Ki Sadono Progo wiwit siyaga. Aja nganti ula kuwi malah mangsa awake lan Endang Sigaluh, ha rak mbebayani. Mulane, sakdurunge ana kedadeyan kang ora nyenengake, Ki Sadono Progo gage njupuk Sada Lanang ing sake. Pamrih, yen ula kuwi arep mangsa awake bakal disabet Sada Lanang.
“ayo....., Kowe wong tuwaku. Kowe bapakku. Aku ngelak luwe, ngerti. Yen ora gelem ngakoni, wah, sida tak mangsa sisan.”
“Heee....., aja waton ngucap.”
“Pokoke, arep kokakoni apa ora. Yen ora gelem ngakoni, malah dakdadekake manganku sisan.”
Ki sadono Progo lan ula kuwi banjur gelot, namung sedilit tok. Mergane Ki Sadono Progo ora bisa nandingi ula kuwi.
“Emmmm......, ya wis. Sakiki aku gelem ngaku anak kowe, ning angger kuwat njabut Sada Lanang iki!”
Ki sadono Progo gage nancepake sada kuwi ing lemah. Mesthi wae, ula gedhe kuwi nyarujuki, pengin njabut sada iku. Mosok ora kuwat, ing atase ula gedhe kok mung njabut semono ara bisa. Mokal.
“Ya, aku sanguh, dakcobane.”
Ula kuwi enggal namakake siyunge, kanggo nggeret sada Lanang. Kocapo, bareng dijabut tenan, kuwat. Jebol. Ning saka tatune sada kasebut mili tuk sing gedhe banget nganti ula kuwi kontal katut iline banyu.
Saya suwe, tuk bening kuwi saya gedhe, mumpal-mumpal. Angel diendakake. Terus mubal. Ula gedhe saya kontl, ketileb iline banyu. Ing awang-awang keprungu suwara gemonthang nyebut jenenge: Progo.... Progo..... Tulong....Tulong....! Njur laporan, ilang.
“Wah, wis ndhuk, iki lelakon. Kudu didhadha, ora perlu ana sing digetuni. Seksenana wae, kali gedhe iki bakal dakjenengi Kali Progo. Ing kali iki, tekan embuh kapan bakal dadi sumbere panguripan. Ula kae mau, bakal keli tekan sagara Kidul.”
Sakloron mung kedhep tesmak. Nyawang iline banyu kali sing saya gedhe. Saya ngglontor sangkrah-sangkrah. Tuke saya ndadi. Endang Sigaluh lan Ki Sadono Proga banjur muleh neng omahe sing ana ing wewengkon kali Putih, ngisr Gunung Merapi. Neng kana wong loro kuwi urip tentrem dadi wong tani.
Mangkono mula bukane Kali Progo. Kali Progo iki ana ing Pagunungan Manoreh, Windusari, Payaman, Magelang.********

Sumber : http://sastra-jawa007.blogspot.com/

selengkapnya»

JAKA POLENG

Ana wong enom bagus tur gagah, jenenge laksito. Laksito kerjane dadi tukang ngopeni jarane Bupati Brebes. Kanjeng bupati seneng karo asil kerjane Laksito kang sregep lan resik anggone gegawean.
Nalika iku kaya biyasane, Laksito arep lunga menyang sawah, arep golek suket kanggo pakane genta, jarane kanjeng Bupati. Sadurunge mangkat ngarit Laksito pamit karo Bi Ojah, bature kanjeng Bupati sing lagi masak neng dapur.

Nggawa arit karo karung, Laksito mlaku nlusuri galengan sawah goleksulet-suket sing rungkut lan ijo. Tekan lapangan dheweke mbabadi suket-suket sing ijo sing ana neng ngarepe. Sapisan-pisan, laksito nguasapi kringete ning bathuke ngganggo tangane sing katon reged. Laksito terus mbabadi suket, sawise oleh sakarung kebek, Laksito kaya biyasane leren leyeh-leyehneng ngisor wit gedhe kang cedhak saka anggone dheweke ngarit. Diglegek banyu kendi sing digawa saka omah. Keringete gembrobyos saawak kojur. Laksito leyeh-leyeh teturon kipas-kipas nganggo godong sing tiba saka wit.
Nalika Laksito arep merem, dheweke weruh ana ula poleng sing duwe mahkota emas ing endhase. Laksito dadi penasaran mula dheweke ngetutake lakune ula saka mburine. Laksito mlakune alon banget supaya ora keweruhan ula mau. Ula mau akhire mandeg neng pasuketan kang rungkut, Laksito banjur mandeg, mripate mentheleng ndelengake salah tingkahe ula poleng sing lagi nlungsungi. Let pirang menit, ula mau banjur disaki neng clanane.

Laksito nerusake pegaweane maneh, rong karung kudu kebak. Sawise kebak rong karung, Laksito leren maneh sadhela.

Laksito tekan ngomah, banjur menyang pawon njaluk pangan marang Bi Ojah. Laksito bengak-bengok nanging ora ana wong kang weruh wujude sanajan suwarane sing kaprungu kuping. Laksito bingung, kenapa wong-wong padha ara bisa weruh wujude. Dheweke banjur kelingan marang kulit ula sing disaki. Kulit ula ditokake, sanalika Bi Ojah bisa weruh wujude Laksito. Cerita iku banjur kaprungu dening kanjeng Bupati.
Laksito didhawuhi ngadep kanjeng Bupati kanggo nyritakake kadadian kang kaprungu saka Bi Ojah. Mula Laksito ksnthi runtut anggone nyritakake babagan mau kang di alami. Kanjeng Bupati mirengake, banjur duwe panemu kanggo nyimpenake kulit ula sing ditemonake dening Laksito. Laksito tetep ora gelem sanadjan dirih-rih dening kanjeng Bupati, rumangsa sing nemu kulit ula dai dheweke uga sing kudu nduweni lan nyimpen.

Sanalika banjur ana rerebutan antarane Laksito lan Kanjeng Bupati, mula kulit ula poleng dilebokake thuthuk laksito lan ora sengaja keleg. Laksito owah wujude dadi ula poleng. Kanjeng Bupati rumangsa salah mula piyambakipun banjur di utus kon njaga rakyate yaiku rakyat Brebes. Lantaran laksito isih jejaka lan awujud ula poleng dadi wit kuwi dijenengi JAKA POLENG.

Sumber : http://sastra-jawa007.blogspot.com/

selengkapnya»

JAKA TARUB

Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.



Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih.Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.

Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.


Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.

Sumber : http://sastra-jawa007.blogspot.com

selengkapnya»

Kajirêt Alang Alang

Daksêkarêp angên-angên iki nlasak bêbóndhótan lêlakón síng kawuri. Dakjar sakabèhé kabukak manèh íng alam wêwayangan. Dakujå råså iki têtêgaran ngoyak marang rêrangkèn kêdadéyan síng wís mungkúr.
Kêdadéyan síng pêpak klawan mêndhak mêndhukulé kahanan. Såpå manèh yèn dudu uríp síng ajêg sêsandhingan klawan Rêtno. Ya Rêtno.
Wanitå siji kuwi pancèn síng ajêg ngisi lêmbar uripku. Wanitå síng tansah biså gawé ramé rikålå samún. Gawé bêníng rikålå bukêt, gawé padhang rikålå pêtêng. Nangíng nadyan mangkono wiwít saiki aku kêpéngín nglalèkaké íng siså-siså urípku. Awít aku ora kêpéngín lêlakón urípku ing salawasé kacêncang klawan dhèwèké. Wiwít iki aku kêpéngín mardikå. Uríp síng roså ngadhêpi êmbúh kåyå ngåpå wujudíng panguripan. Wiwít iki aku kudu nglênggånå yèn Rêtno mokal bisa dakdarbèki sawutuhé. Umpåmå kêmbang dhèwèké kang thukúl íng pinggír dalan, nadyan éndah ora ånå sijiå kang hak darbèni sawutuhé. Såpå waé biså mêthík. Såpå waé bisa nikmati ganda arúm wanginé.
Nangíng... têtélå ora gampang. Sêlót suwé aku ngadóh sêlót ngêlak råså iki kêpéngín bali kåyå síng wís naté karoncé dukíng uni.
Rikålå gagat rinå, wayahé bún isíh nêlêsi pasukêtan. Nalikå manúk-manúk sriti kêkitêran ing sêla-sêlané gódhóng príng síng isíh antêng íng pójók déså iki. Nalikå aku isíh têtêp lunggúh têkan ésúk iki ing pójók kampúng. Jalaran íng têngah wêngi mau aku têtêp kaosík déníng wêwayangané wanitå siji kuwi. Ing tlapukanku datan biså ngipataké anané wêwayangané, såkå pakulitané kuníng, kanthi mripat bêníng, rambút dåwå, èsêm paít madu lan andhêng-andhêng cilík-ing sisíh kiwå irúng kang bangír. Ati iki kêpagút wêwayangan wanitå sing patang taúnan iki tansah nyiram tlatah cêngkar ati iki.
"Tênan, sampéyan kêpéngín nglalèkaké aku, Tuan?" bêngi kuwi swarané nggodhå.
"Yå, nglalèkaké! Jalaran tangèh tå aku bakal darbèki awakmu," wangsulanku cêkak.
"Ha...ha...," Rêtno ngguyu ngakak. "Aku iki dagangan, Tuan. Siapa saja bolèh bawa pulang," kandhané wóng wadón iku karo ngrubúhaké awaké íng pundhakku.
"Nangíng généyå kowé nolak yèn daktuku lan dakgåwå bali," aku mbujúng omongané.
"Lho-lho..., kowé kuwat mbayar?" pitakón iku síng pijêr gawé aku klimpungan.
Pancèn, aku dudu bós síng dhuwít dadi pêrkara gampang. Aku wóng ngangguran síng íng dina-dinané amúng isi abúríng angên-angên. Sasat kåyå layangan pêdhót, íng dinå-dinaku amúng kléyangan êmbúh têkå ngêndi parané. Såkå kuwi aku nganti kêtêmu Rêtno. Wóng wadón síng mapan íng póncót jêjêl riyêlé kuthå iki.
Sulak abang wís kawistårå ing brang wétan.
Daklólós rókók síng kari saklêr, nuli bungkús kuwi dakrêmêt lan dakuncalaké íng kali cilík sangarêpku lungguhan. Bubar dakêmpak lan daksêdhót landhúng. Pêgå daksêbúl bantêr, prasasat nguncalaké wêwayangan síng gumandhul íng råså. Éwasêmånå pambudi kuwi datan kuwåwå buncang råså kapang.
Aku jumangkah nyêdhaki klarahan dluwang síng gumléthak íng sukêtan. Gambar síng kåyådéné ilustrasi sawijiné critå dadi narík kawigatènku. Kanggo nglipúr ati nuli dakwåcå crítå síng ana suwèkan dluwang tilas buntêl pangan kayané. Ndulu basané nganggo båså Jåwå mêsthiné iki såkå buku pêlajaran båså Jåwå. Wís ora ånå judhulé, níng íng kono kênå daksêmak kåyå critané kêthoprak síng naté dakrungu såkå radhio. Pangéran Jayèng Rasa síng matèni Dèwi Rêtnóníngsíh, jalaran trêsnané ditolak wanitå síng luwih trêsnå klawan kadangé sêpúh Pangéran Jayèng Kusumó.
Nyêmak critå kuwi dumadakan atiku dadi kêtarík. Sawijiné råså síng ora naté dakråså salawasé iki. Iyå, pokalé Jayèng Rasa, kåyå-kåyå pawèh gêgambaran tumrap aku. Bênêr, ora ånå cårå liyå aku dudu ngilangi Rêtnó. Ilangé Rêtnó, têgêsé tékadku kêpéngín mardikå såkå wêwayangané biså dadi kanyatan. Yèn aku ora bisa ngukúp, wóng liyå ugå kudu ora kêna ngukúp. Minångkå laku muríh kabèh mau katêkan, aku kudu ngilangi wanitå kuwi såkå sêla-sêlané urípku. Aku mênyat såkå lungguhan, dluwang sasuwèk mau dakbantíng lan dakilês sora.
Srêngéngé angslúp íng brangkulón. Lakuné wêktu dinå iki kåyå-kåyå palíng suwé dakråså. Pancèn sêdinå wutúh aku ngarêp-arêp srêngéngé énggal cêpêt angslúp íng jêrón bumi. Bêngi iki aku kêpéngín énggal mêthuki Rêtnó. Pisan manèh dhompètku takungak, dhuwit atusan siji asil dódólan pit ónthèl awan mau isíh wutúh sumlêmpit. Dhuwít kuwi wís cukúp kanggo nyêdhaki Rêtnó, biyasané sêprapaté kuwi waé wís cukúp.
Mancík bubar wayah Isak aku jumangkah. Sangu sawènèh sêdya anèh aku mlaku gagah tumuju papan pinggír gang síng rupak kuwi. Kumêluné pêgå rókók síng dakakêp kêsaut angín wêngi nguntabaké lungaku. Têkan prapatan ngarêp omahku kêbênêran Paiman tukang parkír liwat, sisan lakuné anggóné nunút dhèwèké. Kadêrêng lakuku énggal têkå papané Rêtnó.
Lampu limang watan ora kuwawa madhangi papan síng riyêl íng gang pinggir kuthå iki. Bocah-bocah síng ora kêtiban bêgjå, katón rêgêt lan pucêt nglipúr ati kanthi dolanan íng sêla-sêlané gang. Nalikå aku têkan íng papané Rêtnó, Sulasíh sing mêthukaké têkaku.
"Nggólèki Rêtnó, Bós?" kandhané nanggapi têkaku.
"Iyå, ånå tå?" aku balík takón.
"Rókóké sík," tangané bocah wadón iku agé nggramang íng sakku lan nyaút bungkús rókók.
"Lagi ånå tamu, ditunggu waé," Sulasíh nêrusaké klawan nyêdhót rókók.
"Mångså wayah ngéné wís nåmpå tamu?"
"Kowé yå wayah ngéné wís têkå kéné. Tamuné, Santoså, supír truk pêlabuhan. Kawít jam papat soré mau nganti saiki durúng mêtu," kandhané Sulasíh karo sèndhèn témbók.
"Sêmprúl, bêtah-bêtahé têmên," aku gêdumêl. Kêpêksané aku kudu nunggu nganti Santosa mêtu. Supír kuwi pancèn sugíh dhuwít, mulå tutúg yèn barêngan karo Rêtnó.
Dakungak såkå jam témbók síng cumanthèl ora adóh papanku lungguh nuduhaké sêtêngah sêpulúh bêngi. Édan, supír truk kuwi lagi mêtu såkå kamaré Rêtnó. Nalikå wóng mau liwat aku api-api turu.
"Bêtah têmên wóng mau ånå kéné?" pitakónku nalikå mlêbu kamaré Rêtnó.
"Suwé, bayaré ugå lumayan," wangsulané Rêtnó.
"Saiki aku yå wani mbayar suwé," aku nuduhaké dhompètku.
"Isiné pirå wani nudúh-nudúhaké dhompèt, gåwå mréné," Rêtnó têrús nyaút dhompètku, dhèwèké mèsêm nalikå wêrúh ing kono katón lêmbaran atusan éwón.
"Saiki piyé?" aku wani kêmaki.
"Karêpmu...," Rêtna kåyå kêthèk kêtulúp anané amúng manút, "Níng iki dhompèt kudu dakgåwå dhisík, kanggo jaminan," kandhané karo ngglédhag ånå dhipan.
"Oké," aku ngrubúhaké awak íng sisihé.
Nganti sawêtårå aku lan Rêtnó jêjagóngan. Rancangan síng wís dakracík ånå ngomah ndilalahé biså mlaku rancag. Niyat sakawít sansåyå nóthól nalikå supir truk mau sauwèn-uwèn ånå kamar iki. Jam íng kamar wis nudúhaké jam sêwêlas bêngi. Íng njåbå wis katón sêpi. Swarané bocah-bocah wís ilang kalindhih déníng wêngi. Amúng kålå-kålå kêprungu swårå cêkikikan ing sadawané gang, síng disêlani swårå sêsênggóran dadi wiråmå primitip bêngi iku.
Aku ngawiti ucul klambi, Rêtnó ora suwålå nalikå dakaras. Dhèwèké mêrêm nalikå aku tumindak sansåyå nakal. Lan..., wêngi iki wanitå iku ora nggrahitå. Bantal íng sandhingku rikat daksaút kanthi sarosané dakkêkêpaké íng rainé Rêtnó. Wanitå kuwi mau bånggå, nangíng aku luwih rosa. Suwéníng suwé karosané Rêtnó sêlót ringkíh lan sabanjuré mênêng. Éwasêmånå aku durúng kêmbå, rainé isíh dakkêkêp bantal.
"Mati kowé!" kandhaku nalikå nyawang wanita sing sasuwéné iki nggodhå atiku.
Wêruh Rêtnó wís tanpå nyåwå aku marêm. Nangíng sabubaré kuwi råså bingúng wêrúh-wêrúh mrambat ing dhådhå. Ånå råså panglênggånå yèn bêngi iki aku wís tumindak salah mungguhé ukúm. Têgêsé aku wís mlêbu ing bundhêtaning pêrkårå. Nglênggånå kuwi kabèh atiku dadi kuwúr, råså gêtêr tumanjêm íng dhådhå. Klambi daksaút lan aku agahan njranthal mêtu såkå kamaré Rêtnó. Aku ora kêpêngín polisi ngonangi tumindakku. Aku kudu mlayu.
Sêwêngi mupút aku ora turu. Aku têrus mlaku lan mlaku têrus. Mancík íng gagat rinå aku wís mancík íng sawènèh pasar sing adóh såkå kutha. Êmbúh ånå pasar ngêndi iki, aku ora ngêrti. Dumadakan aku ngrasakaké luwé. Aku kudu ngisi wêtêng dhisík, sadurungé aku nutúgaké playuku. Kabênêran ing pójók pasar ånå warúng wédang, lakuku tumuju kono.
Sawusé lunggúh aku aba tèh panas klawan mangan. Kåyå sêlak ora sråntå wédang dakombé lan sêga dakpangan klawan råså kêsusu. Sêga sêpiríng waé rasané kaya pahít, aku ora kuwåwå ngêntèkaké. Tibå wêktuné mbayar, édan! Jêbúl dhompètku kèri ånå kamaré Rêtnó. Têrús nganggo åpå aku arêp mbayar, aku bingúng. Nolèh rånå nolèh réné. Åpå aku kudu mlayu? Mêsthi waé aku sêngsara yèn nganti mlayu, pasar iki wis ramé aku bakal gampang dicêkêl yèn nganti mlayu ngéndhani bayaran.
Tujuné ånå wóng apikan íng sandhingku síng kåyå-kåyå ngêrti klawan njêrón pikiranku. Pawóngan iki pancèn nyólóng pêthèk, nóntón rupané, panganggóné lan pawakané wóng kuwi gênah préman. Iring-iringan klawan têkaku. Nangíng jêbúl apikan.
"Kowé mangan åpå Mas, aku síng mbayar," wóng mau nglólós dhuwít atusan èwu salêmbar kanggo mbayar.
"Matúr nuwún yå Mas, aku wís dibayari," kandhaku.
Wóng mau nyandhak pundhakku klawan kåndhå, "Dudu aku síng mbayar, dhuwit iki dhuwítmu dhéwé. Harak iki ta dhompètmu?" wóng mau nudúhaké dhompèt lan bênêr iku dhompètku. Généyå?
Durúng ilang råså kagètku wóng kuwi kanthi cêpêt ngrungkêt awakku. Sarosané aku suwålå, nangíng wóng mau luwíh roså.
"Kowé såpå? Salahku åpå?" aku njolå.
"Kowé tå síng matèni Rêtnó?" kandhané karo bórgól tanganku.

selengkapnya»

Buto gugat

Ganda Suwarno watuk-watuk. Ing satengahe wong-wong kang padha jejogedan iku, dheweke banget murina.
Anggone ora murina bae kepriye.
Sing arane nonton wayang kudune ya wayange sing digatekake.
Dudu egole bokong para penyanyi kaya mangkono kuwi.
Minangka dhalang dhongkol, dheweke duwe dudutan lamun para dhalang saiki seneng aji mumpung, nanging ora migatekake anggone mbabar crita.
Supaya penontone mbludak, kudu mboyong penyanyi sing akeh tur ayu-ayu. Sanadyan swarane mung pas-pasan nanging yen ketemplekan rupa ayu lan wasis egol bokong kaya Inul bisa gawe kemecere para penonton.
Cekake dudu wayange sing dadi tontonan, nanging kepara para penyanyine.
"Iki janjane tontonan apa, ta?" pitakone marang awake dhewe.
Anggone takon marga meruhi kanyatan dhalang sing biyene ngugemi pakem pakeliran ya wis melu-melu ambyur ing pakeliran murahan.
Contone kaya Ki Wasis Carito kang wengi iku ndhalang.
Kamangka, anggone keraya-raya nekani jagong disengaja bengi awit sekarep bakal nonton dhalangane Ki Wasis Carito. Pranyata malah gawe ati gela.
Awit, Ki Wasis Carito ora mung mbadal saka pakem pakeliran kepara uga ora ngugemi pakeme crita.
Gawe lakon carangan mesthine oleh bae, ning yen lakon mau mbabarake crita yen Citraksi duwe bojo Wara Sembadra iku jenenge ya wis kebablasan.
Mung bae ing crita kuwi, pancene Wara Sembadra kenya weton Eromoko, dudu putri saka Mandura.
Ki Wasis Carito pancen beda karo rikala isih mudha. Biyen, dheweke kondhang kaonang-onang minangka dhalang sing laris marga pancen apik temenan, kajaba swarane pancen gandem, sabetan lan sanggite uga bregas. Dheweke uga ora nyempal saka pakem pedhalangan.
Embuh marga apa saikine dheweke wis katut ilining ombak sing kaya-kaya ora bisa kabendung.
Dheweke melu-melu nggelar pakeliran sing banget nyempal saka pakem pakeliran.
Ganda Suwarno isih kelingan jaman biyen rikala Ki Wasis Carito sing jeneng asline Paimin ajar ndhalang.
Paimin pancen rada nekat supaya bisa dadi dhalang kang kondhang.
Apa bae ditempuh wektu kuwi.
Nadyan kerep tombok nanging ora kapok.
Nadyan kerep buntung tetep bae manggung.
Wis dudu crita sing nggumunake lamun bubaran ndhalang dheweke kerep nuntun wedhus menyang pasar kanggo tombok.
Olehe ora tombok bae kepriye? Opah tanggapan mung rong yuta. Kamangka penabuhe ana 22 wong.
Dene waranggana plus penyanyine ana cacah lima.
Kuwi durung sewa gamelan lan wayange kang mbutuhake dhuwit ora sethithik.
Kabeh mau pancen ana undhuhane.
Paimin sidane dadi dhalang kondhang lan ganti jeneng Ki Wasis Carito.
Ing satengahe penonton sing padha ngibing, Ganda Suwarno tansaya mumet sirahe.
Ora dikira lamun dhalang sing dianggep bisa nerusake pakem pedhalangan kaya Ki Wasis Carito kuwi saiki bisa kecebur ing pakeliran murahan. Pakeliran sing mung nyuguhake hura-hura.
"He, Ganda Suwarno, aku nuntut keadilan marang kowe!" panggetake Buta Cakil.
"Nuntut bab apa? Lha, salahku apa?"
"Kowe ora rumangsa salah? Salahmu wis ora kepetung...!"
"Kowe golek bukti? Ha, ha, ha...!" pambengoke Buta Cakil karo matane jelalatan kaya-kaya arep nguntal Ganda Suwarno.
"Wis akeh buktine. Aku sakanca kuwi uga titahing Gusti.
Ing antarane titah, satemene aku sakanca kuwi pilih tandhing.
Tandangku trengginas, cekatan.
Ning kena ngapa aku sakanca durung tau menang mungsuh wong sing tandange klemar-klemer kaya Janaka kae?"
"Pakeme pancen kudu ngono. Yen kowe sakanca sing dakmenangake, bisa-bisa aku dibalangi penonton."
"Ateges urip kuwi ora adil. Ngendi ana wong urip mung kanggo tumbal liyan?!"
"Ya kuwi adile. Kuwi wis trep...."
"Kok bisa?"
"Ya, bisa. Awit kowe buta sing elek rupane. Tumindakmu nasar lan adoh saka pranatan. Mula, kowe pantese ya kudu mati."
"Yen rupaku elek, kudune sing salah kuwi ya sing natah wayang.
Salahna dheweke! Ning, yen aku diarani tumindak nasar, aku ora trima, awit aku durung tau ndhemeni bojone liyan.
Wis kaping pira kowe kelonan karo pesindhenmu?"
Ganda Suwarno kelingan lelakon nalika isih mudha biyen.
Saben-saben ana waranggana enom tur ayu, mesthi ora luput dadi dhemenane.
"Ngapa kok malah nglamun!?" panggetake Buta Cakil maneh.
"A..., aku njaluk ngapura...!"
"Njaluk ngapura? Kok gampang temen...."
"Banjur aku kudu kepriye?"
"Kowe kudu njawab pitakonku dhisik!"
"Pitakonan bab apa?"
"Satemene sing nasar kuwi aku apa Janaka sing thukmis lan seneng ndhemeni bojoning liyan kuwi? Apa marga klangenane Janaka padha karo dhalange, banjur tansah dimenangke manawa mungsuh aku?"
"Hus, aja ngrembug bab kuwi maneh! Aku isin, marga wis tuwa...."
"Kowe ya duwe isin, ta? Wong kaya kowe kuwi becike enggal tinjo akerat bae!" ujare Buta Cakil agahan polah pencilatan nguber Ganda Suwarno. Ora ana cara liya tumrap dhalang sing ambegane wis nyenen-kemis kuwi kajaba mlayu golek slamet.
Ananging eman, playune Ganda Suwarno kepapak dening buta bajang.
"He, Ganda Suwarno. Kowe isih kelingan aku?"
"Ko, ko, ko...kowe Suka Sarana, ta?" semaure sajak keweden.
"He, he, he...isih tablang panyawangmu. Aku ya njaluk keadilan kaya Buta Cakil!"
"Keadilan bab, apa?"
"Kowe isih kelingan ta, yen aku mati siya-siya? Yen dakrasa tumindakku ora nasar kepara labuh-labet marang sedulur sing daktresnani. Nanging kena ngapa aku kudu nemahi tiwas?"
"Ko, ko...kowe ya kudu mati," semaure Ganda Suwarno sakecekele. "Kajaba rupamu elek, anggonmu labuh-labet marga kowe duwe melik supaya diaku sedulur dening Bambang Sumantri."
"Bab rupa elek kuwi jatah. Ning, tanpa labuh-labet aku iki rak ya sedulure enom Kakang Sumantri, ta?"
"Bener, ning Sumantri rumangsa isin duwe sedulur kowe...."
"Apa laku sing kaya mangkono malah dianggep bener?'
"Ya, pancen pesthine kudu mangkono...."
"Ateges cetha yen kowe dhalang sing ora adil. Mula, rasakna landhepe siyungku iki!"
Kaping pindhone Ganda Suwarno mlayu nunjang palang.
Banjur, makjadhug! "Krompyang....!!!" Dhengkule natap sakaning omah satemah sempoyongan nabrak meja kebak gelas lan jajanan.
Wong-wong kang lagi ngemasi gamelan lan wayang banjur ngroyong-ngroyong Ganda Suwarno marga semaput.

Sumber : pribadi

selengkapnya»

BLOG FRIENDS

Pengikut

Powered by  MyPagerank.Net
Add to Google Ping your blog, website, or RSS feed for Free
SRAGEN ONLINE | BLOG KREASI ANAK SRAGEN. Diberdayakan oleh Blogger.