Kajirêt Alang Alang

Daksêkarêp angên-angên iki nlasak bêbóndhótan lêlakón síng kawuri. Dakjar sakabèhé kabukak manèh íng alam wêwayangan. Dakujå råså iki têtêgaran ngoyak marang rêrangkèn kêdadéyan síng wís mungkúr.
Kêdadéyan síng pêpak klawan mêndhak mêndhukulé kahanan. Såpå manèh yèn dudu uríp síng ajêg sêsandhingan klawan Rêtno. Ya Rêtno.
Wanitå siji kuwi pancèn síng ajêg ngisi lêmbar uripku. Wanitå síng tansah biså gawé ramé rikålå samún. Gawé bêníng rikålå bukêt, gawé padhang rikålå pêtêng. Nangíng nadyan mangkono wiwít saiki aku kêpéngín nglalèkaké íng siså-siså urípku. Awít aku ora kêpéngín lêlakón urípku ing salawasé kacêncang klawan dhèwèké. Wiwít iki aku kêpéngín mardikå. Uríp síng roså ngadhêpi êmbúh kåyå ngåpå wujudíng panguripan. Wiwít iki aku kudu nglênggånå yèn Rêtno mokal bisa dakdarbèki sawutuhé. Umpåmå kêmbang dhèwèké kang thukúl íng pinggír dalan, nadyan éndah ora ånå sijiå kang hak darbèni sawutuhé. Såpå waé biså mêthík. Såpå waé bisa nikmati ganda arúm wanginé.
Nangíng... têtélå ora gampang. Sêlót suwé aku ngadóh sêlót ngêlak råså iki kêpéngín bali kåyå síng wís naté karoncé dukíng uni.
Rikålå gagat rinå, wayahé bún isíh nêlêsi pasukêtan. Nalikå manúk-manúk sriti kêkitêran ing sêla-sêlané gódhóng príng síng isíh antêng íng pójók déså iki. Nalikå aku isíh têtêp lunggúh têkan ésúk iki ing pójók kampúng. Jalaran íng têngah wêngi mau aku têtêp kaosík déníng wêwayangané wanitå siji kuwi. Ing tlapukanku datan biså ngipataké anané wêwayangané, såkå pakulitané kuníng, kanthi mripat bêníng, rambút dåwå, èsêm paít madu lan andhêng-andhêng cilík-ing sisíh kiwå irúng kang bangír. Ati iki kêpagút wêwayangan wanitå sing patang taúnan iki tansah nyiram tlatah cêngkar ati iki.
"Tênan, sampéyan kêpéngín nglalèkaké aku, Tuan?" bêngi kuwi swarané nggodhå.
"Yå, nglalèkaké! Jalaran tangèh tå aku bakal darbèki awakmu," wangsulanku cêkak.
"Ha...ha...," Rêtno ngguyu ngakak. "Aku iki dagangan, Tuan. Siapa saja bolèh bawa pulang," kandhané wóng wadón iku karo ngrubúhaké awaké íng pundhakku.
"Nangíng généyå kowé nolak yèn daktuku lan dakgåwå bali," aku mbujúng omongané.
"Lho-lho..., kowé kuwat mbayar?" pitakón iku síng pijêr gawé aku klimpungan.
Pancèn, aku dudu bós síng dhuwít dadi pêrkara gampang. Aku wóng ngangguran síng íng dina-dinané amúng isi abúríng angên-angên. Sasat kåyå layangan pêdhót, íng dinå-dinaku amúng kléyangan êmbúh têkå ngêndi parané. Såkå kuwi aku nganti kêtêmu Rêtno. Wóng wadón síng mapan íng póncót jêjêl riyêlé kuthå iki.
Sulak abang wís kawistårå ing brang wétan.
Daklólós rókók síng kari saklêr, nuli bungkús kuwi dakrêmêt lan dakuncalaké íng kali cilík sangarêpku lungguhan. Bubar dakêmpak lan daksêdhót landhúng. Pêgå daksêbúl bantêr, prasasat nguncalaké wêwayangan síng gumandhul íng råså. Éwasêmånå pambudi kuwi datan kuwåwå buncang råså kapang.
Aku jumangkah nyêdhaki klarahan dluwang síng gumléthak íng sukêtan. Gambar síng kåyådéné ilustrasi sawijiné critå dadi narík kawigatènku. Kanggo nglipúr ati nuli dakwåcå crítå síng ana suwèkan dluwang tilas buntêl pangan kayané. Ndulu basané nganggo båså Jåwå mêsthiné iki såkå buku pêlajaran båså Jåwå. Wís ora ånå judhulé, níng íng kono kênå daksêmak kåyå critané kêthoprak síng naté dakrungu såkå radhio. Pangéran Jayèng Rasa síng matèni Dèwi Rêtnóníngsíh, jalaran trêsnané ditolak wanitå síng luwih trêsnå klawan kadangé sêpúh Pangéran Jayèng Kusumó.
Nyêmak critå kuwi dumadakan atiku dadi kêtarík. Sawijiné råså síng ora naté dakråså salawasé iki. Iyå, pokalé Jayèng Rasa, kåyå-kåyå pawèh gêgambaran tumrap aku. Bênêr, ora ånå cårå liyå aku dudu ngilangi Rêtnó. Ilangé Rêtnó, têgêsé tékadku kêpéngín mardikå såkå wêwayangané biså dadi kanyatan. Yèn aku ora bisa ngukúp, wóng liyå ugå kudu ora kêna ngukúp. Minångkå laku muríh kabèh mau katêkan, aku kudu ngilangi wanitå kuwi såkå sêla-sêlané urípku. Aku mênyat såkå lungguhan, dluwang sasuwèk mau dakbantíng lan dakilês sora.
Srêngéngé angslúp íng brangkulón. Lakuné wêktu dinå iki kåyå-kåyå palíng suwé dakråså. Pancèn sêdinå wutúh aku ngarêp-arêp srêngéngé énggal cêpêt angslúp íng jêrón bumi. Bêngi iki aku kêpéngín énggal mêthuki Rêtnó. Pisan manèh dhompètku takungak, dhuwit atusan siji asil dódólan pit ónthèl awan mau isíh wutúh sumlêmpit. Dhuwít kuwi wís cukúp kanggo nyêdhaki Rêtnó, biyasané sêprapaté kuwi waé wís cukúp.
Mancík bubar wayah Isak aku jumangkah. Sangu sawènèh sêdya anèh aku mlaku gagah tumuju papan pinggír gang síng rupak kuwi. Kumêluné pêgå rókók síng dakakêp kêsaut angín wêngi nguntabaké lungaku. Têkan prapatan ngarêp omahku kêbênêran Paiman tukang parkír liwat, sisan lakuné anggóné nunút dhèwèké. Kadêrêng lakuku énggal têkå papané Rêtnó.
Lampu limang watan ora kuwawa madhangi papan síng riyêl íng gang pinggir kuthå iki. Bocah-bocah síng ora kêtiban bêgjå, katón rêgêt lan pucêt nglipúr ati kanthi dolanan íng sêla-sêlané gang. Nalikå aku têkan íng papané Rêtnó, Sulasíh sing mêthukaké têkaku.
"Nggólèki Rêtnó, Bós?" kandhané nanggapi têkaku.
"Iyå, ånå tå?" aku balík takón.
"Rókóké sík," tangané bocah wadón iku agé nggramang íng sakku lan nyaút bungkús rókók.
"Lagi ånå tamu, ditunggu waé," Sulasíh nêrusaké klawan nyêdhót rókók.
"Mångså wayah ngéné wís nåmpå tamu?"
"Kowé yå wayah ngéné wís têkå kéné. Tamuné, Santoså, supír truk pêlabuhan. Kawít jam papat soré mau nganti saiki durúng mêtu," kandhané Sulasíh karo sèndhèn témbók.
"Sêmprúl, bêtah-bêtahé têmên," aku gêdumêl. Kêpêksané aku kudu nunggu nganti Santosa mêtu. Supír kuwi pancèn sugíh dhuwít, mulå tutúg yèn barêngan karo Rêtnó.
Dakungak såkå jam témbók síng cumanthèl ora adóh papanku lungguh nuduhaké sêtêngah sêpulúh bêngi. Édan, supír truk kuwi lagi mêtu såkå kamaré Rêtnó. Nalikå wóng mau liwat aku api-api turu.
"Bêtah têmên wóng mau ånå kéné?" pitakónku nalikå mlêbu kamaré Rêtnó.
"Suwé, bayaré ugå lumayan," wangsulané Rêtnó.
"Saiki aku yå wani mbayar suwé," aku nuduhaké dhompètku.
"Isiné pirå wani nudúh-nudúhaké dhompèt, gåwå mréné," Rêtnó têrús nyaút dhompètku, dhèwèké mèsêm nalikå wêrúh ing kono katón lêmbaran atusan éwón.
"Saiki piyé?" aku wani kêmaki.
"Karêpmu...," Rêtna kåyå kêthèk kêtulúp anané amúng manút, "Níng iki dhompèt kudu dakgåwå dhisík, kanggo jaminan," kandhané karo ngglédhag ånå dhipan.
"Oké," aku ngrubúhaké awak íng sisihé.
Nganti sawêtårå aku lan Rêtnó jêjagóngan. Rancangan síng wís dakracík ånå ngomah ndilalahé biså mlaku rancag. Niyat sakawít sansåyå nóthól nalikå supir truk mau sauwèn-uwèn ånå kamar iki. Jam íng kamar wis nudúhaké jam sêwêlas bêngi. Íng njåbå wis katón sêpi. Swarané bocah-bocah wís ilang kalindhih déníng wêngi. Amúng kålå-kålå kêprungu swårå cêkikikan ing sadawané gang, síng disêlani swårå sêsênggóran dadi wiråmå primitip bêngi iku.
Aku ngawiti ucul klambi, Rêtnó ora suwålå nalikå dakaras. Dhèwèké mêrêm nalikå aku tumindak sansåyå nakal. Lan..., wêngi iki wanitå iku ora nggrahitå. Bantal íng sandhingku rikat daksaút kanthi sarosané dakkêkêpaké íng rainé Rêtnó. Wanitå kuwi mau bånggå, nangíng aku luwih rosa. Suwéníng suwé karosané Rêtnó sêlót ringkíh lan sabanjuré mênêng. Éwasêmånå aku durúng kêmbå, rainé isíh dakkêkêp bantal.
"Mati kowé!" kandhaku nalikå nyawang wanita sing sasuwéné iki nggodhå atiku.
Wêruh Rêtnó wís tanpå nyåwå aku marêm. Nangíng sabubaré kuwi råså bingúng wêrúh-wêrúh mrambat ing dhådhå. Ånå råså panglênggånå yèn bêngi iki aku wís tumindak salah mungguhé ukúm. Têgêsé aku wís mlêbu ing bundhêtaning pêrkårå. Nglênggånå kuwi kabèh atiku dadi kuwúr, råså gêtêr tumanjêm íng dhådhå. Klambi daksaút lan aku agahan njranthal mêtu såkå kamaré Rêtnó. Aku ora kêpêngín polisi ngonangi tumindakku. Aku kudu mlayu.
Sêwêngi mupút aku ora turu. Aku têrus mlaku lan mlaku têrus. Mancík íng gagat rinå aku wís mancík íng sawènèh pasar sing adóh såkå kutha. Êmbúh ånå pasar ngêndi iki, aku ora ngêrti. Dumadakan aku ngrasakaké luwé. Aku kudu ngisi wêtêng dhisík, sadurungé aku nutúgaké playuku. Kabênêran ing pójók pasar ånå warúng wédang, lakuku tumuju kono.
Sawusé lunggúh aku aba tèh panas klawan mangan. Kåyå sêlak ora sråntå wédang dakombé lan sêga dakpangan klawan råså kêsusu. Sêga sêpiríng waé rasané kaya pahít, aku ora kuwåwå ngêntèkaké. Tibå wêktuné mbayar, édan! Jêbúl dhompètku kèri ånå kamaré Rêtnó. Têrús nganggo åpå aku arêp mbayar, aku bingúng. Nolèh rånå nolèh réné. Åpå aku kudu mlayu? Mêsthi waé aku sêngsara yèn nganti mlayu, pasar iki wis ramé aku bakal gampang dicêkêl yèn nganti mlayu ngéndhani bayaran.
Tujuné ånå wóng apikan íng sandhingku síng kåyå-kåyå ngêrti klawan njêrón pikiranku. Pawóngan iki pancèn nyólóng pêthèk, nóntón rupané, panganggóné lan pawakané wóng kuwi gênah préman. Iring-iringan klawan têkaku. Nangíng jêbúl apikan.
"Kowé mangan åpå Mas, aku síng mbayar," wóng mau nglólós dhuwít atusan èwu salêmbar kanggo mbayar.
"Matúr nuwún yå Mas, aku wís dibayari," kandhaku.
Wóng mau nyandhak pundhakku klawan kåndhå, "Dudu aku síng mbayar, dhuwit iki dhuwítmu dhéwé. Harak iki ta dhompètmu?" wóng mau nudúhaké dhompèt lan bênêr iku dhompètku. Généyå?
Durúng ilang råså kagètku wóng kuwi kanthi cêpêt ngrungkêt awakku. Sarosané aku suwålå, nangíng wóng mau luwíh roså.
"Kowé såpå? Salahku åpå?" aku njolå.
"Kowé tå síng matèni Rêtnó?" kandhané karo bórgól tanganku.

0 komentar:

Posting Komentar

BLOG FRIENDS

Pengikut

SRAGEN ONLINE | BLOG KREASI ANAK SRAGEN. Diberdayakan oleh Blogger.